Kamis, 19 September 2013

Jogregan "Satus Meter"

Ana gadis ayu lambene seksi bareng nenek sing pipine wis kempot lagi keder milih kain ning pasar. Gadis bari nenek suwe pisan palah pilih kain ning tokone Lamsijan.
"Luru kain model apa ?" takon Lamsijan mulai kesel.
"Model apa bae sing penting cocog," jawab gadis.
"Akeh, kari milih bae," jare Lamsijan.
"Pak, sing kien semeter pira ?" takon gadis.
"Ooo sing kuen, cukup dibayar karo ambung (cium)," jawab Lamsijan mulai ganjen.
"Yang bener ?" takon gadis.
"Bener nok," jawab Lamsijan.
"Baka sepuluh meter ?" takon gadis.
"Ya dibayar sepuluh ambung," jawab lamsijan.
"Rong sepuluh meter ?" takon gadis.
"Ambunge gen ping rong puluh," jawab lamsijan.
"Kula pilih sing kien, satus meter," jare gadis.
"Hahhh... satus meter," jawab Lamsijan.
"Ya satus meter, engko sing bayar nenek," jare gadis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar