Kamis, 19 September 2013

Jogregan "Pindah Kamer"

Musim ketiga, Lamsijan kenang ujian. Wis oli seminggu dhewekw ning rumah sakit. Awake meriang, matane celong, terus mangane pait. Pas diperiksa dokter Lamsijan takon.
"Dok. gering apa isun?" takon Lamsijan.
"Mungkin kepegelan, kudu akeh istirahat," jawab dokter.
"Tapi awak rasane pating greges," jare Lamsijan.
"Maklum pergantian musim, akeh wong gering," jawab dokter.
"Isun pengen gage waras Dok !" jare Lamsijan.
"Tenang, sedelat maning sampean waras," jawab dokter.
"Carane ?" takon Lamsijan.
"Nginum obat sing teratur. Baka obate cepet entong, maka cepet waras," jawab dokter.
"Priben lamun nginum obate sekaligus Dok ?" takon Lamsijan.
"Bli masalah, paling sampean pindah kamer," jawab dokter.
"Berarti isun waras Dok!" jare Lamsijan.
"Dudu, cuma ngali ning kamer mayat," jawab dokter.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar